Dhataran Kedhu

Alam Dhataran Kedhu kang ijo lan subur ing saubengé Barabudhur.

Dhataran Kedhu iku dhataran vulkanik subur kang diubengi gunung-gunung geni ing Jawa Tengah, Indonésia; ya iku Gunung Sumbing lan Gunung Sindara ing sisih kulon, Gunung Merbabu lan Gunung Merapi ing sisih wétan, lan Paredèn Menorèh ing sisih kidul. Dhataran ikijuga wewatesan karo Dhataran Prambanan ing sisih kidul-wétané. Dhataran iki duwé makna wigati sajeroning sajarah Jawa Tengah amarga ajroning punjul sèwu taun dadi papan tuwuh ngremakané peradaban Jawa. Paninggalan sajarah dinasti Syailendra ya iku Barabudhur dumunung ing tengah dhataran iki.

Sawetara abad pungkasan kawasan iki mligi kutha Magelang minangka pangkalan wigati tumrap militèr Hindhia Walanda, status kutha akademi militèr iki lumaku terus nganti éra Républik Indonésia. Lokasi iki uga dihubungaké karo legendha Paku Pulo Jawa ya iku Gunung Tidar ing Magelang.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search